Cari Blog Ini

Sabtu, 21 September 2013

KELUYURAN



1.    Rosaliatul Ulfa Ardie : dadi Rokatul ( anakke Ngatripah )
2.    Alvi Dwi Ningrum     : dadi Srikayatun (koncone Rokatul )
3.     Lutfiyah Adawiyah   : dadi Ngatripah (Ibu )
4.    Siti Aisah                    : dadi  Sukinah ( Guru )
Ngatripah  nyapu omah lan Rokatul nembe siap-siap mangkat sekolah.
Ngatri : ( nyapu ) “Kul..... Katul..... wes jam 7 kue rak mangkat sekolah, engko keri.” ( karo gembar-gembor )
Katul : “ sekedap mak, kulo nembe jadwal pelajaran.” ( karo nglebukno buku neng tas )
Katul metu saka kamar karo mlayu-mlayu amarga wedi keri
Ngatri: “ sarapan ndisik Tul....”
Katul: “ enggeh  mak .” (karo njipuk telo godhok siji ) aku mangkat mak,”  ( langsung mbedal )
Ngatri: “ bocah kok ana sing ngunu barang.”
          Sakwise tekan sekolah, Rokatul langsung melbu kelas tanpa salam.
Katul: “ loh Tun, kue tek wes tekan sekolah ku???? Kue wes garap pr basa jawa.”
Yatun: “Tul... ana bu Sukinah.” ( kanthi lirih )
Bu Suk: “Tul.....”
Katul : “ loh bu, jenengan kok pun ten mriki.????”
Bu Suk: “ awit mau aku neng kene.”
Katul: “ kulo kok mboten weruh bu.???.”
Bu Suk: “ bocah kok rak duwe sopan santun blasss, melbu ya angger mak plencing, rak salam rak apa, wingi telat 10 menit, winginane 15 menit, iki 5 menit, saesuk pirang menit.”
Katul: “ mboten napa-napa bu, sing penting kan mangkat sih bu..????”
Bu Suk: “ wes...wes... ngomong karo kuwe rak lebar-lebar, pr mu endhi???”
Katul: “ mboten tak garap kok bu, marahi putek, tinggal dolan kok enak.”
Bu Suk: “wes kono ngadek, sopo sing ora garap pr???”
Yatun: “ ( ngacung ) kulo bu.”
Bu Suk: “ mrene ( nulis soal neng papan tulis ) iku di garap, sing iso lungguh.”
Di enteni nganti suwi, namung katul karo Yatun ijeh durung iso garap.
Bu Suk: “ wes lungguh mrono, bocah-bocah halaman 51 di garap.”
Katul ora ngerjakke malah tinggal dolanan hp, lan Yatun malah sibuk ngaca lan dandan.”
Bu Suk: “ katul, yatun ora ngerjakke tugas malah dolanan hp, ngaca, tata, wes garap???”
Yatun: “ dereng bu, aku roso-roso garap.”
Bu Suk: “ cah loro metu, rak sah melu pelajaranku.”
Yatul lan Katun: “ enggeh bu.”
Yatun: “ seneng aku di kongkon metu pelajarane bu iku ora enak.”
Katul: “ ancen kok.”
Yatun: “ ngongkon garap kok terus, aku kanthi bosen ngerungokkene.”
Katul: “ opo maneh aku, tambah bosen, mesti wayah pelajarane bu suk aku ngadek.”
Yatun: “ eh... pumpung di kon metu, tinggal bolos wae yuk, engko ketemuan, terus mlaku-mlaku.”
Katul: “ ayo ra.”
Sakwise muleh sekolah bu Sukinah mamper ndaleme bu Ngatripah.
Bu Suk: “ assalamualaikum.” (karo ngetok-ngetok lawang )
Ngatri: “ waalaikum salam, ( buka lawang ) eh bu Sukinah, monggo pinarak.”
Bu Suk: “ enggeh bu matur suwun.”
Ngatri: “ sekedap enggeh bu, kula tak ndamel unjukan riyen.”
Bu Suk: “ boten usah repot-repot bu, kula sekedap mawon.”
Ngatri: “ enten punapa nggeh bu???.”
Bu Suk: “ngeten bu, wusana-wusana niki, katul kerep terlambat, katul enngeh mboten sios garap pr, tugas lan sakpanunggalane.”
Ngatri: “ loh kok koyok mengkunu bu??? Katul ki kerep izin sinau kelompok kaleh rencang-rencange, mula katul kerep wangsul sonten.”
Bu Suk: “ ancen ngoten kenyataane kok bu.”
Ngatri: “ o... berarti kulo di apusi terus bu, ngampuntene enggeh bu, kulo mboten ngertos polah tingkahe putri kulo wonten sekolah.”
Bu Suk: “ enggeh bu, mboten nopo-nopo.”
Katul lan Yatun: “ assalamualaikum.”
Bu Suk lan Ngatri: “ waalaikum salam.”
Yatun: “ loh... kok jenengan wonten mriki bu???.”
Ngatri: “ wes meneng, cah loro lungguh.”
Katul: “ wonten napa tah mak.”
Ngatri: “ jarene bu Suk, kue karo yatun kerep keri, rak tau ngerjakno pr, tugas, lah jaremu kue lungo sinau kelompok, lah terus sing buk sinauni opo???.”
Katul lan Yatun tundhuk, ora jawab opo-opo
Ngatri: “ jawab ndok???.”
Katul: “ ngampuntene mak, kulo pancen mboten sios garap pr, tugas, kula ngapusi jenengan, kulo mboten kesah sinau kelompok, nanging kulo dolan kesah griyane rencang.”
Ngatri: “ ya... Allah ndok, tegel kuwe ngapusi aku???.”
Katul lan Yatun: “ ngampuntene mak.”
Ngatri: “ aku bakal ngapura kuwe karo Yatun, asal kuwe ngerubah polahmu.”
Katul lan Yatun: “ enggeh mak.”
Ngatri: “ njaluk ngapura karo bu Sukinah???”
Katul lan Yatun: “ ngampuntene bu.” (karo salaman )
Bu Suk: “ ya, tak ngapura, nanging aja dilakoni maneh.”
Katul lan Yatun: “ enggeh bu.”
Bu Suk: “ pun bu kulo izin pamit.”
Ngatri: “ enggeh bu, setunggal maleh ngampuntene kelepatane putri kulo.”
Bu Suk: “ enggeh bu, mboten nopo-nopo, assalamualaikum.”
Kabeh: “ waalaikum salam.”
Mula sangka iku Katul lan Yatun mulai sitik-sitik ngarebah polah tingkahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar